Upacara Memperingati Hari Jadi Ke – 271 Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY)
(13 Maret 1755—13 Maret 2026)
Ing dinten punika, Jemuwah Wage (13/3/2026) kulawarga ageng SMK BOPKRI 1 Yogyakarta ngawontenaken upacara kangge mengeti ambal warsa “Hadeging DIY” ingkang kaping 271 Taun. Upacara dipun-dhereki dening Kepala Sekolah, Bapak Ibu lan karyawan, ugi sedaya para siswa. Sedaya pandherek upacara ngagem busana Jawi gagrag Yogyakarta saha tata rakit Jawi. Wonten ing upacara, kababaraken sujarah tlatah Negari Ngayogyakarta Hadiningrat mila bikanipun. Sasampunipun kedadosan prajanjen Giyanti utawi kawentar “Paliyan Negari” ing tanggal 13 Februari 1755, Pangeran Mangkubumi pikantuk sepalih tlatah sigaran saking Nagari Mataram Islam. Sepalih malih dados kagunganipun Susuhunan Pakubuwana III minangka ngliyer saking ramanipun Susuhunan Pakubuwana II.
Sewulan candhakipun, pasipun ing tanggal 13 Maret 1755, Pangeran Mangkubumi ndamel paprentahan piyambak, kanthi nama Karaton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat. Pangeran Mangkubumi lajeng ajejuluk Sri Sultan Hamengkubuwana I. Kadhaton dipun-degaken wonten tlatah alas Bringan Dusun Pacethokan (papan Kraton Yogyakarta sapunika). Saderengipun kadhaton dados, Sri Sultan Hamengkubuwana I, kulawarga, sentana dalem, saha sapendherekipun lenggah wonten tlatah Ambarketawang. Kanthi pengetan Hadeging Nagari Karaton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat (jaman samangke lajeng kondhang kanthi tlatah DIY), minangka tuladha supados sedaya masarakat Jawi ing Yogyakarta saged nuladhani dhumateng Pangeran Mangkubumi minangka sawijining satriya pilih tandhing, hangrungkebi bumi pertiwi.
